WIJINING URIP
Wimbaning rasa kang aneng jro ati, wimbaning
katongton, pan rumongso anuksma rasane, ing tingal sih rasane kang urip,
kumpule dumadi, raos sakahetung.
Mapan aling wijining ngaurip, wijine sawiyah,
enur suhut kalawan ngelmune, wadah ira geni lawan angina, ping kalihe malih,
siti lawan banyu, iya iku tunggale sawiji sampurnane dadi wong.
Tiningalan iku ing lair ira, iya iku rasa banyu
urip, kuwat ira angina, geni karep nepsu iku ingkang amadahi, dadinira awor,
iku pada lan lair tamtune.
Rasa cahya manjing marang ngelmi, wiji kang
duweni, tan kena cinaturan ingaranan sampurnaning urip, iku dipun cernoh, aja
sira karem donya bae, pan weruh wawekasan urip, cahya rasa urip iku dipun weroh
.
Sipat iku kang sira tingali marganipun weroh,
iyo apan iku ing dadine, yenta weruh sira rupa jati, nggon ira aurip, iku misih
bingung .
Iya mengko sira sun tuturi tegese kang raos, aja
sira tingal jaba bae, upamanira yen sira guling lamun sira ngimpi , sapa kang
andulu raragane pan kira aguling, ing jero miraos wan loro tunggale, nora pisah
pan ora atunggil, pilih kang ngawruhi, lir kaca dinulu .
Jroning kaca sira tingali, tanpa dununging
nggon, iya uga among sira dhewe kaca iku umpamane jisim, kalimputan urip, sukma
kang ndulu, rasa iku kang wujut jati, katingal kang katon, sirno jisim mulih
ing asale, mapan asalira duk dumadi, bhumi angina geni, kaping patte banyu.
Jisim alus tan kena ing pati, iyo iku erroh,
among rasa nikmat lan larane, tandya wangenan nggon ira aurip.
Lan sakehe kang jro nala tingali sayekti,
kalbunira nyatane Hyang Widi, kakelir sayekti, megane pandulu.
Umpamane lir sare lan estri tingal ira raos,
sumrah kabeh ing raga nikmate, suka nikmat tan wonten kuwatir, tan ngraos
darbeni, sedaya pan kumpul.
Lamun sira yen arsa aguling, tan dyanen
sayektos, napas ira pan iku yektine, sarta lamun sira manjing, lampahe aririh,
rahmat kang tumurun.
Liyaping netra kang rohmat wus manjing, ing jro
manah awor, dadya lali ing kanikmatane, marma datan anget raga iki, tanwruh
kula gusti, dudu iyo dudu.
Iya iku al bransanusiri, Mukhammad rasengo, sira
kawiti kang sun dadekake, pan wiji sekalir dumadi, saking ing sireki, sira
saking ingsun.
Dipun reksa saranaken urip, pasrahna Hyang
Manon, dipun nggono rasa sarirane, dipun awae nggonira ngulati, kang trus lawan
ngelmi, pituduh ing guru.
Sabdaning gurunen ngati-ati, anuta ing pakon,
sarta iklas ing pangidhep kaberah, pati urip datan den rasani, sunya lawan
lawan singgih, pan ora kaetung.
Mengko padha sun tuturi malih, brahisih kang
katon, kweruhana, ya ing dadine, pan ing raga dununge ing ati, ati ingkang
putih, arane pausuh.
Patang prakara dadine kang isih, pan sanes kang
enggon, ingkang dhingine jantung nggone, kaping kalihe limpa sadyang ati,
tyaspangasih, kaping tiganipun.
Ingkang welas sarta awor asih, iku ning papusuh,
tulung tinulung ing kono kuwi, tyas ing sih lakune dhemeni, tresna lan kapengin
iku nggonipun.
Ingkang wonten jejantung puniki, kasmaran
ingkang wong, iya supe marang liyane, kerut sedyane sih lan rasmi, rasaning
sih, sadaya kapengku.
Ingkang kekalih sih dunya kang katon, lana
reremen kalawan tunggale, budi piker metu ing jro ati, sabar lileng pati, donya
tan kaetung,
Kaweruhana ja sira lali iku kang weruh, ing
marmane aling ing paberane, barang cinta pangucap ing osik lawan esir, ya
saking Hyang Agung.
Pan tarima lakune kang yekti, iku imaning wong,
ingkang padhang nora pethenge, iya padhang tegese pan eling, nora kena lali,
iku dhikir Ya Hu.
Erapipun kang dhikir puniki, napas manjing
wiwitane panjinge napas, wedalipun napas Hu kang kapuji, ing sajeke urip, melek
lawan turu.
Tegese Ya hu Allah kang urip, kang mubeng
tumuwoh, sakabeh kang gumelar, urip langgeng ingkang Maha Suci, aniyata dhikir,
ing sakjroning kalbu, iya iku sampurna kang urip, dadene papan awor, awor cahya
kang padhange linge, pan ciptanen dadine sawiji, iya ruh ilafi, dadine
jeng rasul.
Nalikane sira angabekti, rumongsaha kang awor,
tuwin sira dhuk dhikir kalane, pan ing kono nggoning kang ning, raganira iki
sirnaning pandulu liyaping netra.
Kebut ing ati akbarira awor, petenging tyas tan
aling ragane, Wimbuh ira katingal jro ati mring kang Maha Suci, Sih ira Hyang
Agung.
Datan mawi lantarane malih, Sih Pangeraning
wong, Iya rahmatira iku kabeh, Yakna rahmat Sih tumurun tan elingling diri,
tansah manah liwung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar