PUPUH I
ASMARANDANA
ASMARANDANA
–
01 –
Karya penget genya nulis, supadya dadya tututunan, mring
weka kadang wargane, tuwin antuka kang rahmat, timbang nganggur klekaran, becik
ngleluri leluhur, caritane jaman kuna.
– 02 –
Sejarah para Narpati, kang mengku rat nata praja, tanah
Jawa sedaya, mugi paringa nugraha, marang para kawula, tinebihna ing bebendu,
kalawan ing ila-ila.
– 03 –
Mangkana purwani nguni, saka ing Kitab Musarar, binabar
tembung Jawine, wiwit alam babu alam, dumugining kiyamat, pan saleksa wolung
atus, donya lamine gumelar.
– 04 –
Jamane limang prakawis, kang dihin Ingaranan Tirta, nulya
Karta kapindone, Dupara kaping telunya, Kaliyup ping sekawan, jangkep kaping
limanipun, winastan jaman Sengara.
– 05 –
Tirta jaman ingkang dihin, saleksa warsa laminya, Karta
kapindo jamane, namung wolung ewu warsa, ganti jaman Dupara mung nem ewu kawan
atus, langkung sangangdasa warsa.
– 06 –
Jaman Kaliyup gumanti, para Mukminkas angira, kalih ewu
warsa maneh, lawan sagangatus warsa, ganti jaman Sengara nenggih wawatesan umur,
namung kalih ewu warsa.
– 07 –
Lalanjon titahing Widi, laminipun kalih leksa, sangang ewu
ing taune, kalanira Nabiyullah, taksih munggwing suwarga, Malekat bangsanipun,
sagung para Malekat.
– 08 –
Sami wonten ing Rochani, datan wonten kenging pejah, luput
duraka sakehe, datan wonten nadah nendra, lan sagung titahing Hyang, wignya
ngucap lir jalmeku, tumut langgeng lir manungsa.
– 09 –
Lembu ingkang nyangga bumi, isih sekawan sukunya, pramana
ati enggone, Nabi ADAM munggwing swarga, lamine satus warsa, wohing kuldi kang
tinunggu, Babu Kawa rowangira.
– 10 –
Kadukan marang Hyang Widi, tinurunaken mring donya, tanpa
sandang sarirane, anuju wulan Mucharam, ing tahun Alip ika, tanah Arab kang
jinujug, amanggih kayu satunggal.
– 11 –
Den wastani kayu tanjir, dadya sandang salaminya, nulya
panggih lan garwane, cinarita salin jaman, ingaran jaman Karta, nenggih wolung
ewu tahun, dahar sapisan sawulan.
– 12 –
Samana kalane wiwit, manungsa kena durhaka, kena pati
saturute, sagunging wong darbe manah, duwure randuwara, ora kurang depa satus,
lembu sukune mung tiga.
– 13 –
Marmanira ana daging, lumrah manungsa kuwasa, nuli salin
jaman maneh, gumanti aran Dupara, alam Nabi samana, lumrah manungsa punika,
mangan ping kalih sawulan.
– 14 –
Gegaman mung tigang warni, panah pedang lawan gada, isih
kuwasa punang wong, kono mari ararasan, wong donya lan wong kerat, randuwana
duwuripun, amung kari satus depa.
– 15 –
Lembu ingkang nyangga bumi, atinggal kalih sukunya, marmane
getih enggone, limang ewu warsa gantya, anulya salin alam, jaman wali kang
sumuyut, alame wali sadaya.
– 16 –
Jaman wali kaping kalih, Mukmin Ngamya wastanira, sadasa
dina dahare, de Wali ingkang taksih kas, dahar pindo sawulan, Wali ingkang apes
iku, dahar ping kalih sadina.
– 17 –
Lembu ingkang nyangga bumi, sukune kantung satunggal,
premana neng kulit gone, duwure kang randuwana, kari salawe depa, keneng duraka
wong iku, paes katemenanira.
– 18 –
Gagaman mawarni-warni, keris towok lawan tumbak, tigang ewu
warsa maneh, asalin jaman Sengara, alame Mukmin ika, Mukmin Ngam ing
lampahipun, rina wengi amemangan.
– 19 –
Datan wonten tuwukneki, lumrah wong akekadangan, premanane
suket rondon, duwure kayu wus suda, mung kalih dasa depa, ingkang nyangga bumi
rubuh, sukune sirna sadaya.
– 20 –
Apan taksih nyangga bumi, gara-gara agung prapta, bumi wus
sirna brekate, suda wiranging pandita, kapundut mring Hyang Sukma, ilang adile
Sang Prabu, wanita keh laden priya.
– 21 –
Kawula lali maring Dusti, Gusti lali mring awula, fakir
lali agamane, wong agung katah kahinan, wong cilik keh dursila, lali bapa lawan
guru, ilang sihe wong kekadang.
– 22 –
Gegamane amepegi, barang cipta dadi gaman, patine lawan
gamane, wewah kestul lan senjata, mariyem lan kala kunta, lumrah keh wong ambeg
rusuh, akeh wong wedi melarat.
– 23 –
Sinung ayat sewu warsi, nenggih alame Sengara, nuli sinalin
alame, bali marang Tirta, ratune Waliyullah, satus tahun laminipun, anumpak ari
kiyamat.
– 24 –
Sasampunira kapanggih, lawase neng alam donya, marang Kang
MurbengUripe, anenggih mung tigang leksa, tri ewu satus warsa, punika langkung
ta ingkang kantun, wus parek ari kiyamat.
– 25 –
Yen wus prapta satus warsi, mati wiji kang tumitah, warata
ing jagad kabeh, tan wonten tiyang anak-anak, tan wonten jawah niba, wus ginaib
mring Hyang Agung, tan wikan ari kiyamat.
– 26 –
Wonten crita kang tinulis, tumrap tanah Jawa, aking Arab
pinangkane, gancare ing pulo Jawa, duk taksih dadya wana, peteng alas gung
asamun, ambelasah roning kamal.
PUPUH II
S I N O M
S I N O M
–
01 –
Purwane kang ginupita, duk suwunge tanah Jawi, taksih wana
langkung pringga, isina amung dedemit, pari prayangan lan jim, miwah sagunging
lelembut, kalawan brekasakan, gandarwo lan banaspati, ilu-ilu janggitan lawan
kemamang.
–
02 –
Anenggih kang kawuwusa, jeng Sultan Rum kang winarni,
angsal sasmitaning Sukma, dinawuhan angiseni, manungsa pilo Jawi, anenggih
Sultan ing Ngerum, nimbali patihira, prapteng ngarsa awotsari, Sang Aprabu alon
denira ngandika.
–
03 –
Heh Patih Ingsun tatanya, marang sira kang sayekti, wartane
ing Pulo Jawa, apa sira wus udani, kabare taksih sepi, durung isi manungseku,
pan isih dadi wana, Kyana Patih atur bekti, inggih Gusti dereng isi kang
manungsa.
–
04 –
Rembage para nangkoda, Gusti kang sampu udani, ingkang
layar tanah Jawa, tan wonten ingkang nglangkungi, wartanipun anenggih,
ageng-ageng hardinipun, pilo mujur mangetan, sakilene pulo Bali, Sri Nalendra
alon wijiling wacna.
–
05 –
Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis,
tanduren ing pulo Jawa, dimen pada gaga sabin, sandika Kyana Patih, menembah
lumengser gupuh, samekta lajeng bidal, wong rong leksa somah prapti ing muwana
kamot ingemot baita.
– 06 –
ing marga datan winarna, gancare carita nenggih, janma kang
rong leksa somah, pinrenahkenpulo Jawi, Kya Patih wangsul nuli wus prapta
nagari Ngerum, matur rehning dinuta, purwa madya amekasi, Sri Narendra
kalangkung sukeng wardaya.
– 07 –
Wus kalayan karsa Nata, yata kang kocapa mangkin, janma
kang samya tinilar, aneng jroning pulo Jawi, binadog ing dedemit, meh telas pan
amung kantun, sakawan dasa somah, giris manahira sami, lajeng layar mantuk
mring Ngerum Negara.
– 08 –
Wus prapta Ngerum nagara, lajeng katur Kyana Patih, nulya
konjuk Sri Narendra, yen janma rong leksa nguni, somah pan namung kari,
kawandasa somahipun, dene prikancanira, binadog para dedemit, duk miyarsa jeng
Sultan ngungun ing driya.
– 09 –
Puwara renge ngandika, timbalana Sech Subakir, tan anatara
prapteng ngarsa, ngandika Sri Narapati, bapa sira sun tuding, layar mring pulo
Jaweku, sira masanga tumbal kang hardi-hardi, dimen lunga lelembute pulo Jawa.
– 10 –
Wong keling sira angkatna, prenahno ing pulo Jawi,
semektowa gagawanya, nuli angkatna den aglis, layar mring pulo Jawi, sira patih
aja kantun, Sech Bakir aturira, sandika pamit wot sari, wusnya beber layar
dateng tanah Arab.
– 11 –
Wus prapta ing Keling praja, dawuhaken amundut janmi, rong
leksa somah katahnya, laju layar pulo Jawi, Sech Bakir kang winarni, ing marga
datan wuwus, anjujug hardi Tidar tumbal pinasang tumuli, awarata pucuking hardi
sadaya.
– 12 –
Gya jumegur swaranira, gara-gara andatengi, gumelar gora
prahara, teja lawan obar abir, peteng mendung nglimputi, geger sagunging
lelembut, jin setan brekasakan, sami lunayu anggendring, ilu ilu banaspati lan
kemamang.
– 13 –
Wewe peri prayangan, angebyur marang jaladri, gandarwa
gandarwa mlayu sarsaran, tetekan keblak memedi, sedaya samya ngungsi, tan
kawawa panasipun, gantiya kang winursita, pan wonten danyang kakalih, gih
punika tetuwane brekasakan.
– 14 –
Sang Hyang Semar aranira, lawan Danyang Togog nenggih,
dedukuh wonten ing wana, prenah pucuking kang wukir, Merbabu ingkang hardi,
samana kekalihipun, samya ajejagongan, ginenira ting kalesik, Sang Hyang Semar
kagyat denira miyarsa.
– 15 –
Sang Hyang Semar lon wuwusnya, kiraka wonten punapi, sagung
demit kagegeran, gara-gara apa iki, bumi agonjang-ganjing, prakempa asindung
riwut, bayu braja liweran, kilon geter obar-abir, gumaleger swaraning kang
punang harga.
– 16 –
Daweg kiraka jarwaha, de gara-gara kagiri, prabawa apa ta
ika, Danyang Togog awawarti, yen sira tan udani, iki ana Resi Ngerum, prapta
ing pulo Jawa, arsa ngrabaseng dedemit, pirantinya pinasang sakeh haldaka.
– 17 –
Yeng mangkana daweg enggal, manggihi lawan Sang Resi,
utusana Sri Narendra, Ngerum ingkang nundung demit, pada atakon warti, baya ana
karsanipun, dene kagila-gila, karya gegering kang demit, Sang Hyang Semar
sumaur ya bener sira.
– 18 –
Danyang Togog malih ngucap, ya age adi prayogi, aywa kongsi
kalayatan, kiraku payo den gelis, anulya pangkat sami, wus prapta panggih Sang
Wiku, ana ing ardi Tidar, tuwan Sech Bakir ningali, ing praptane kalihira ta pa
sangkan.
– 19 –
Sech Bakir alon tatanya, ki sanak dika ing pundi, manira
nembe tumingal, dateng pakenira kalih, sira harsa punapi, dene prapta
ngarsaningsun, Sang Hyang Semar saurnya, inggih kula tiyang Jawi, dika prapta punapa
ing karsanira.
– 20 –
Sech Bakir wau ngandika, wartane ing pulo jawi, pan durung
ana manungsa sadaya isih wanadri, sepi ulun tingali, karsane Jeng Sultan
Ngerum, ing mangke winijenan, rong leksa somah kang janmi, dimen harja sami
kinen asesawah.
– 21 –
Sang Hyang Semar lon wuwusnya, gih sumangga karsa Aji,
sajatine gih kawula, lan kiraka tiyang Jawi, ing kina prapteng mangkin, kawak
daplak inggih ulun, wong Jawa kuna mula, saderenga dika prapti, kula manggen
Marbabu pucak haldaka.
– 22 –
Sampun sangang ewu warsa, inggih wonten pulo ngriki,
dedukuh ing hardi Tidar, saweg antuk sewu warsi, langkung taun puniki, Sech
Bakir gawok angrungu, dika niku wong napa, napa ta ayekti janmi, umur dika dene
ta kaliwat-liwat.
– 23 –
Lamun janma durung ana, kang umur saleksa warsi, Sang Hyang
Semar saurira, yeku kawula puniki, pan inggih dede janmi, danyang tanah Jawa
ingsun, danyang sepuh priyangga, titise Jeng Kawa Dewi, kang jejuluk Sang Hyang
Maya inggih kula.
– 24 –
Sang Hyang Sis inggih kawula, Sang Srinata inggih mami,
Durgulowya inggih kula, Sang Hyang Wenang inggih mami, Joyokusumo tuwin, Joko
Panduduk nggih ulun, Tuwawana gih kula, Manikmaya inggih mami, inggih kula
ingkang paparab Sang Hyang Semar.
– 25 –
Wonten ngriki wiwit kuna, duk Ibu Kawa rumiyin, nglunturaken
rasa mulya, tinadahan mring Ijajil, cinipta rama nguni, den wor lawan
kamanipun, anulya dadya kula, lamun dika dereng ngreti, gih punika gancare
badab kawula.
– 26 –
Sawarnane para dewa, sadaya gih darah mami, lan para
danyang sedaya, tanah Sabrang miwah Jawi, sadaya turun mami, miwah sagunging
lelembut, inggih turun kawula, jim prayangan lawan peri, ilu-ilu sadaya anak
manira.
– 27 –
Dene kiraka punika, titise Siti Sendari, sun karya kadang
ngong tuwa, dedukuh wonten ing Jawi, milane kula mriki, panggih lawan dika wau
nyuwun taken pawarta, dateng andika sayekti, punapa ta andika angrusak Praja.
– 28 –
Sadaya nak putu kula, pra samya bingung angungsi, kenging
tenung taragnyana, andika ingkang masangi, ngungsi marang jaladri sadaya para
lelembut, Sech Bakir alon mojar, kula punika kiai, pan dinuta jeng Sultan
Ngerum negara.
– 29 –
Apan kinen ngisenana, janma pulo Jawa ngriki, dimene
tangkar-tumangkar, reja ambubak wanadri, kang sun prenahaken iki, wong Keling
nagaranipun, cacah rong leksa somah, iku karsane Hyang Widi, boten kena yen
dika amalangana.
– 30 –
Sang Hyang Semar saurira, sokur jumurung saketi, yen
karsane Sri Narendra, ing Rum dawuhing Hyang Widi, kadawuhan ngiseni, ing pulo
Jawa puniku, kinen ambubak wana, nanging ta panyuwun mami, inggih kula tumuta
ngadani Jawa.
– 31 –
Sech Bakir alon ngadika, kisanak kula tuturi, karsane Hyang
Maha Mulya, lalakone Jawa benjing, winates ing Hyang Widi, rong ewu lan satus
taun, pan nuli sirna, wiwit saking taun iki, satus taun durung ratu ora praja.
– 32 –
Iku karsaning Hyang Sukma, tataning wong kadi peksi, yen
wus jangkep satus warsa, lawan punjul seket siji, Hyang Sukma karya Aji, ing
Gilingwesi Kedatun, lawan ing Panataran, niku wiwite Narpati, ajejuluk Maharaja
Selaprawata.
– 33 –
Andika ingkang ngemonga, dika awor lawan janmi, nalikanira
Sang Nata, ratu ingkang nata janmi, satus warsa ingkang benjing, Gilingwesi
sirnanipun, wiwite jaman Buda, nayebut ratune sami, pangucape tan liya Dewa
Batara.
– 34 –
Sirnane Selaprawata, nulia karsane Hyang Widi, akarya alih
Nerendra, titise Hyang Wisnumurti, ngedaton Mendangkawit, satus taun
sirnanipun, Hyang Sukma nuli nitag ratu agung ambawani, sakembaran bala banta
lan wanara.
– 35 –
Siji ngadaton Ngalengka, abala sagung raseksi, ing
Pancawati sajuga, titise Hyang Wisnumurti, bala wanara benjing, paramarta
ratunipun, Kyahi Togog sira, angemonga sira benjing, kang jumeneng ratu
Ngalengkadiraja.
– 36 –
Besuk rusake ngalengka, tumpes tapis datan kari, amung
pitung puluh warsa, sirnane karatoneki, Hyang Sukma nitah malih, ratu binatara
agung, ngadatong ing Wirata, lawan Maduran agrai, seket warsa karatone nuli
sirna.
– 37 –
Hyang Sukma anulya nitah, karatone Ngastina benjing,
Ngamarta pudak sategal, lawan Ngawu-ngawu langit, lawan ing Dwarawati, poma
Kyai iku besuk, poma dika emonga, watese sawiji-wiji, satus taun sirnane
karaton benjang.
– 38 –
Iku karsane Hyang Sukma, sirnane karaton benjing, pada
aprang lawan kadang, awite rebut nagari, minangka penget Kyai, kang jumeneng
ratu besuk, sirnane campuh aprang, nulya karsane Hyang Widi, Mlawapati kalawan
Bojonegara.
– 39 –
Iku pada turunira, Sang Hyang Wisnu ingkang nitis, ananging
ta wekas ingwang, marang andika Kiyahi, alame ratu kalih, awyandika emong
besuk, andika wangsul dewa, watesane satus warsi, nuli sirna Hyang Sukma akarya
Nata.
– 40 –
Kekuta ing Galuh benjang, laminira seket warsi, sirnane
Gakuh nagara Hyang Sukma anitah malih, ratu Sindula nagri, mung sawidak taun
besuk, nuli ana Narendra, ing Medangkamulan nagri, ratu iku amangsa pada
manungsa.
– 41 –
Patangpuluh taun sirna, ratu pandita gumanti, saking Arab
pinangkanya, Ajisoko Sango Aji, pinanjingan ing eblis, ratune ijajil besuk,
angaggit sastra Jawa, pan iku kang den leluri, aywandika emong ing
sapungkurira.
PUPUH III
PA N G K U R
PA N G K U R
– 01–
Mung sawidak taun sirna, sang Hyang Sukma anitah ratu
malih, sang Prabu Maha punggung, papatih, Jugulmuda angada-on neng sukuning
hardi Lawu, karsa pranataning praja, medal adiling Narpati.
– 02 –
Satus taun nuli sirna, Sang Hyang Sukma anitah ratu malih,
Kauripan nagrinipun, satus taun wus sirna, turun telu jejege karatonipun, nuli
karsaning Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.
– 03 –
Sakawan kang dadya raja, akekuta Jenggala lan Kadiri,
Ngurawan lan Singasantun, niku andika monga, ngawulaha satuhu andika besuk,
andika siliha aran, Ki Prasonto aprayogi.
– 04 –
Ki Togog dika arana, Ki Jarudeh ing benjing iku becik,
titising Batara Wisnu, poma ywa kongsi pisah, pan jumeneng ing Jenggala
prajanipun, wasta Panji Rawisrengga, digdaya prawireng jurit.
– 05 –
Satus taun nuli sirna, karsaning Hyang nitahaken ratu
malih, Pajajaran kutanipun, pindah saking Jenggala, satus taun sirnane
karatonipun, pan kongsi turun ping tiga, rusake lawan kang siwi.
– 06 –
Yaiku wekas manira, pan ing kono awora demit malih, mariya
amomong ratu, iku karsaning Sukma, dika kinen awor lawan anak putu, andika
dukuha benjang, sukunira hardi kendil.
– 07 –
Andika ngaliha aran, Ki Rumadi iku luwih prayogi, Ki Togog
dika ing besuk, Lodaya dukuhana, dika angaliha aran Ki Barjamos, sirnanira
Pajajaran, anulya karsaning Widi.
– 08 –
Ratu Agung adiningprang, akekuta ing nagri Majapahit, satus
taun sirnanipun, kongsi turun ping lima, rusakira nagri Majapahit besuk, aprang
lawan putranira, nulya karsaning Hyang Widi.
– 09 –
Nitahaken ratu Demak, akeh sagung para Wali nge Jawi, saking
tanah Arab iku, pra sami amemulang, nglampahaken sarengatting Kanjeng Rasul,
wus sirna jamaning Buda, pra sami agama Suci.
– 10 –
Angrasuk Aagama Islam, manjing marang agama Kanjeng Nabi,
Kraton Demak sirnanipun, namung sawidak warsa, punjul papat tetepe etanganipun,
nuli karsane Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.
– 11 –
Ing Giring kalawan Pajang, Kalajangga jejuluking Narpati,
umure salapan taun, sirnane kutanira, apan nuli ana karsane Hayang Agung,
nitahaken ratu Mataram, jejuluk Sang Kalasekti.
– 12 –
Digdaya prawireng aprang, aprakosa ngadoni jayeng jurit,
ratu sekti sudibya nung, sembada tan apada, iya iku turune pandita luhung,
Senapati jajuluknya, para ratu keh kang nagkil.
– 13 –
Sumewa mring tanah Jawa, wiwit iku dumugi ing Matawis, sewu
limang atus taun, kutane ing Mataram, kongsi ping pat turunan kang madeg ratu,
wangening nagri sirna, nulya karsaning Hyang Widi.
– 14 –
Rusake nagri Mataram, pan binedah wong Makasar lan Bugis,
Madura rewang sekutu, lawan putra priyangga, wus alami janji watesaning umur,
nulya karsaning Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.
– 15 –
Kekuta ing Wanakarta, sakulone kuta Pajang winarni, sugih
rowang ratunipun, sirna kratone, laminipun satus tigang dasa taun, tan antara
laminira, ana nangkoda datengi.
– 16 –
Rusake ing Kartasura, pan binedah dening wong Cina benjing,
nulya karsane Hyang Agung, nitahaken Narendra, angadaton kuloning Mataram iku,
siji sawetaning Pajang, wus jamang Sengara benjing.
– 17 –
Wong Jawa akeh pitenah, marang pawong mitranira ing
benjing, keh kiyamat mring sadulur, dora-carane katah, lawan suda pemetune bumi
besuk, ilang wirange wanita, keh priya etung pawestri.
– 18 –
Setan wus awor manungsa, datan kena kinawruhaken becik, ing
jaman Sengara iku, keh anak lali bapa, bapa lali marang anake satuhu, wong mati
tukaran katah, akeh wong kanjingan eblis.
– 19 –
Lan akeh musibat prapta, bebendune Hyang Sukma andatengi,
gunung muni gumaludug, obah bumi prakempa, lir ginonjing bumi molah gunung
jugrug, sol gempal ladu geng prapta, udan awu lawan pasir.
– 20 –
Cleret taun angragancang, oban-abir kilat tatit datengi,
akeh wong tukar prang pupuh, akeh mati kobongan, saya lami wuwuh bebendu geng
rawuh, musibate tanah Jawa, arang manungsa kang eling.
– 21 –
Akeh wong murka angkara, bocah cilik wis pada etung picis,
wong agama saya sengkud, nanging tanpa tatanya, akeh janma pada tinebusan
besuk, wong dagang akeh kang tuna, malah pawitane enting.
– 22 –
Keh anjamah pada priya, datan marem jamah marang pawestri,
akeh wong kang pada riwut, dursila saya dadra, apa wite kalane wong pada riwut,
wong niyat harja katriwal, wong dursila akeh sugih.
– 23 –
Akeh wong maido Kitab, keh wong dora gegampang gawe becik,
keh lali marang Hyang Agung, akeh nembah brahala, ana ingkang mangeran marang
lelembut, saweneh mangeran arta, ana mangeran Serani.
– 24 –
Kang ngadani tanah Jawa, apa maksih Walanda nguwasani,
satus taun laminipun, musibat saya katah, tindak juti dursila saya andarung,
nuli marmaning Hyang Sukma, aparing pitulung yrkti.
– 25 –
Anitahaken Narendra, duk timure babaran hardi Srandil,
maksih tedak Kanjeng Rasul, ibu darah Mataram, paselongan iya iku wijinipun,
angadani tanah Jawa, pan jumeneng Ratu Adil.
– 26 –
Ratu iku luwih mlarat, datan mawi sangu amung sadremi, mung
semende mring Hyang Agung, tan ana janma wikan, pan kasandang kasampar-sandung
tan weruh, pudak sinumpet punika, timbule kang tunjung putih.
– 27 –
Mungsuh ngarep ekeh sirna, ingkang pada wani samya mati,
tumpes tapis sirna larut, balane mung sir’olah, mung kalabang kalajengking
gamanipun, Kyai niku waspadakna, dika ladenana benjing.
– 28 –
Bala sagunging lelembat, anjurungi marang Sang Ratu Adil,
ana dene kutanipun, alas bumi Ketangga, pan rineka kedatonira Sang Prabu, Juluk
Sultan Herucokro, enak atine wong cilik.
– 29 –
Ilang wong kang dora cara, wong dursila ilang pan sirna
enting, botoh keh pada kabutuh, awit adil Sang Nata, akeh ngungsi mring masjid
pada asujud, eling marang kabecikan, pada dadi santri mursid.
– 30 –
Pajege wong cilik suda, sawah sajung sadinar pajeg neki,
winatesan amung sewu, dadya dahar Narendra, datan mundut langkungane saking
sewu, ratu iku lumuh arta, blaba asih marang dasih.
– 31 –
Murah sandang murah pangan, keh wong cilik pada suka
singgih, iya amung satus taun, jumeneng adil Nata, sasirnane kuta Katangga
puniku, nulya ana ratu kembar, iya ana kuta benjing.
– 32 –
Salere hardi Barata, inkang siji kutane iku benjing, ana
ing Madura iku, lamine seket warsa, sasirnane Hyang Sukma nitahaken ratu,
kekuta Waringin rebah, iya amung sekt warsi.
– 33 –
Waringin rubuh wus sirna, nulya ana ratu gumanti malih,
kang sinedya kutanipun, ana ing Baleberan, mung sawidak taun watesane iku,
anulya wong Prenggi prapta, angratoni tanah Jawi.
– 34 –
Manungsa Jawa pan katah, den usungi marang nagara Prenggi,
sewu sewu saben taun, mung tigang dasa warsa, nulya Kanjeng Sultan ing Ngerum
atutulung, patih maju sabalnya, anumpes wong nuswa Prenggi.
– 35 –
Wadya ing Rum yutan wendran, tan petungan layar mring pulo
Jawi, ing riku rame prang pupuh, wong Prenggi lebur lebur sirna, tedakira Sang
Nata Waringin Rubuh, gya jinunjung dadya raja, kekuta nang Majapahit.
– 36 –
Telung puluh sanga warsa, sampun jangkep watese tanah Jawi,
gunung Sumbing nulya jugrug Merapi mubal brama, ing Merbabu swaranira
gumaludug, gunung Tidar mubal toya, sirna ilang pulo Jawi.
– 37 –
Wus tutug carisaningwang, ulun arsa wangsul mring Rum
nagari, reksanen sapungkur ulun, poma den kalampahan, lah engeta sakehing
piweling ulun, aywa nganti manggih papa, wong Keling kinarya wiji.
– 38 –
Sigra bidal Sang Pandita, Sang Hyang Semar ngaterken mring
jaladri, Danyang Togog rowangipun, wangsul mring padukuhan, kawarnaha wong rong
leksa somah sampun, samya ambabadi wana, tegal gaga miwah sabin.
– 39 –
Sang Hyang Semar dadya lurah, Danyang Togog dadya
sor-soraneki, wus awor manungsa iku, sinembah ing wong katah, pan sadaya anurut
parentahipun, datan wonten kang suwala, mring parentah hira kalih.
– 40 –
Titi tamating carita, Jayabaya bebere kang linuri, sakiing
Kitab mulanipun, Musarar kang carita, ganti ganti kang samya umadeg ratu,
lalakone pra Narendra, wates umuring nagari.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar